Sabtu, 13 Maret 2010

Cah Angon



Alang-alang iki, alang-alang wingi
Wit blimbing tansah mawarna
Kali-kali tansah bening
Rungkut ngrembuyung prawan
Nanging galeng sawah iki
Menggak-menggok lan menggok
Tumuju pungkruk biru
Panggonan kebo nantang srengenge

Cah angon mbakari telo
Anyul, tatembangan
Terus meneng cep
Ngelingake godhong kuning rontog
Gawang-gawang kang Paimin, welas asih
Putrane pak Lurah kang sekolah ing kutha
Jerene ingin dadi insinyur pertanian
Ngganti luku sapi, karo traktor gawean dhewe
Ngganti lesung alu, karo mesin slep
Nemoake bibit pari unggul
Ben bisa panen ping pat
Mbuh apa maneh

Nanging aku,
Kaya kebo-sapi tuwa
Ora ngerti apa-apa
Apa maneh kahanan ndonya
- apa rudhal iku
- apa iku teror
- apa nuklir iku
- apa iku komputer
Aku krungu samar-samar, saka lik Parto
Kang sregep maca koran lan dheleng ti-pi
Aku kedlarung ?

Ah semangatku isih mili kaya banyu kali
Aku bakal sinau karo kang Paimin, yen bali saka kutha
Sinau ngeja aksara
Sinau maca angka

Ya pengin nulis selarik ukara
Kanggo kang Paimin
Kanggo kuninge sawah, sapi kebo
Kanggo bapak simbok
Kanggo sapa maneh, ya ?
O, aku ora lali
Kanggo Tumirah, kang kenes lan marak ati

0 komentar:

Posting Komentar

 
Copyright 2009 Sulthony. Powered by Blogger
Blogger Templates created by Deluxe Templates
Wordpress by Wpthemesfree